Yo Iki loh Aku(Naya) 나야
Dino dinoku isine korea tok. Jujur mbiyen aku gak seneng "opo iku cino sipit-sipit terus lanangane putih koyok banci" jareku mbiyen. Tapi iku mbiyeen seru sak durungane aku seneng artis korea. Okelah gapopo akeh seng wara nek aku munafik mari ngenyek terus seneng, yaopo maneh yo iki loh aku nek wes gendeng-gendenge karo korea.
Bendino senengane ndelok video klip korea, lagu korea, fotone yo korea, kabehh korea. Opo'o kok gak mblenger? Iyolah wonge ngganteng-ngganteng ayu-ayu. Opo'o kok isok ayu-ayu ngganteng-ngganteng? yo biasa lahh oplas tapi iku wes biasa seh lek nak korea iku koyok ngono. Aku yo gak masalahno seng penting nek ketok moto enak didelok.
Yo ngene iki aku nek wes kadong seneng yo seneng tapi yo suwe-suwe kadang yo mblenger. Tapi artis korea kan gak siji tok sek akeh seng liyane. Kadang aku belajar boso korea, tapii gak apal-apal. Kadang onok sisan artis korea seng tak senengi dating alias kencan karo arek wedok liyo. Huaahh.. rasane pengen tak pangan sisan arek wedok iku, iki ati duduk rempeloh. Asline ceritone iki sek dowo tapi amargo author wes pegel ngoceh dadi tak tutup disek. Wassalam.. Annyeong 안녕 😊 Mansae!!! 만세!!!
By: Hafidza Rachma Kurnia Sari
Tidak ada komentar:
Posting Komentar