Selasa, 26 Januari 2016

Cerito Boso Jowo

Arek-arek lekk apene moco post-ku seng iki rungokno sisan lagune Ariana Grande - Almost is Never. Khusus arek k-popers lagune Hyorin - Driving me Crazy iki ngunu cek tambah menghayati pas mocone.. tapii iki gak harus loh yo iki cuman saranku ㅋㅋㅋㅋㅋㅋ 😆                                           
       
             Curah (Curahan ati seng Rapuh)                                      

             Hai rek ketemu maneh ambek kulo. Nak cerito iki kulo ape curhat perkoro ati seng terombang-ambing alias bimbang. Jujur kulo nggawe cerito iki rodok angel opo maneh perkoro ati.          
             Kulo iku tipe arek seng mendem perasaan dewe lek perkoro seneng karo wong lanang. Kabeh ora ono seng eroh mbasio ta wong tuwoku, konco cedekku, konco mbiyen, konco lawas sak lawas-lawase gaonok seng eroh kecuali kulo lan gusti allah. Iku sangking pintere kulo mendem perasaan dewe sampek gaonok seng eroh. Biasane ngunu nangis-nangis dewe lek wong seng kulo senengi relationship-an karo wedok liyo. Lek gak ngunu yo konco cedekku dewe seneng pisan ambek arek lanang seng kulo senengi. Iku pun gak peng siji tok, bolak balek rekk.. untung ati iki ciptaane gusti Allah lekk made in China yo anchor alias bejat alias legrek. Teros kulo ngunu iku kudu piye? yoo kudue ngalah yaopo-yaopo kulo kudu milih sang konco lekk perkoro lanangan yo sek lumayan akehlah stock-e (pedemu) hehehe..       
             Tapi jujur rekk lek ngene terus aku yo loro ati seruuu mosok uripku kudu ngalah terus. Dorong nak omah ngalah ambek adek nak sekolah ngalah ambek konco. Kulo seh gapopo ae tapi kulo menungso seng duwe ati, iki ati rek duduk rempeloh..Tapi yo yaopo maneh mosok kulo morang-mareng gajelas kan gak lucu sehh.. iki yo salahku sisan seng dadi arek tertutup seru, cobak aku rodok terbuka nak konco-koncoku pasti kulo gak loro ati perkoro iki. Tapi teko wektu nak wektu kulo sadar ngalah iku lebih apik ketimbang tukaran gara-gara lanangan terus labrak-labrakan terus tawuran atek nggowo geng dewe-dewe, gak lucu seruu kan.. duduk maksut nyindir loh iki hehehe.. ambek'an kulo yo gaonok niatan gawe pacaran sehh, kulo mek kepingin ndelok masa depan seng luwih cerah ambek keluarga masa depan kulo meneh.       
         Okeh suwon rek wes ndelok curcolku seng garing, tapi kulo iki nulis teko lubuk atiku seng jeroh lan iki ngunu gak ngarang iki real no gossip. Salam gawe arek-arek seng galau alias heartbreak alias broken heart, westah ojok dipiker lanang gak siji jehh.. Sayonara!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar